Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Toya Sumur Butheg, Warga Babadan Nampi Bantuan Pamsimas

Toya Sumur Butheg, Warga Babadan Nampi Bantuan Pamsimas

Klaten, www.jogjatv.tv – Desa Babadan Kecamatan Karangdowo Klaten, nampi bantuwan program Penyediaan Air Minum Dan Sanitasi Berbasis Masyarakat – Pamsimas.

Miturut Kades Babadan, Jarodi, pengajuan program pamsimas kedah tumuli dipun tindakaken awit sampun puluhan taun toya sumur warga butheg lan warninipun jene dene raosipun ugi asin. Warga kuwatos menawi konsumsi toya sumur kasebat bebayani tumrap kasarasan.

Samangke pambangunan program Pamsimas taksih lumampah, saweg ngebor sumur kangge pados toya ingkang resik lan layak konsumsi. Angkahipun, program Pamsimas saged ngindakaken derajat kesehatan masyarakat sarta Pola Hidup Bersih Dan Sehat awit toya ingkang resik mujudaken kabetahan baku tumrap masyarakat. Program Pamsimas ugi sakelangkung murakabi mliginipun nalika mangsa ketiga panjang.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.