Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Usada Lelahanan Tumrap Karyawan

Usada Lelahanan Tumrap Karyawan

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge mujudi kasarasan karyawan, maneka kupiya dipun tindakaken dening sawetawis perusahaan ing tlatah Ceper, Klaten, Jawa Tengah, antawisipun kanthi suka ladosan usada lelahanan.

Mbaka setunggal karyawan dipun priksa kanthi lelahanan, dening tim dokter saking salah satunggaling rumah sakit ing Klaten. Miturut perwakilan Management Perusahaan Tekstil, Marisa Wahyu Rahmawati, usada lelahanan tumrap karyawan inggih salah satunggaling kupiya kangge njagi kasarasan karyawan sarta Keselamatan Dan Kesehatan Kerja, tansaya ing wanci gumantosing mangsa samangke. Kasarasan karyawan sakelangkung mangaribawani tumrap perusahaan. Menawi karyawan sami saras pramila asil produksi tumanja lan jumbuh kaliyan pangangkah.

Miturut Manager umum rumah sakit, Joko Susanto usada lelahanan inggih tanggel jawab rumah sakit kangge mujudi masyarakat ingkang saras. Kanthi usada lelahanan, para karyawan kaajab greget migatosaken kasarasanipun. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.