Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pegiat gerakan hemat air

Pegiat gerakan hemat air

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pahlawan inggih tetiyang ingkang ageng labuh labetipun tumrap masyarakat. Kalebet para penggagas kridha ingkang murakabi lan migunani tumrap masyarakat, ugi wenang sinebat pahlawan. Kadosta salah satunggaling warga kampung Kadipaten Wetan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta, Agus Subiyanto ingkang dados penggagas lan penggerak Gerakan Hemat Air lumantar Kelompok Pemakai Air—Pokmair Gentong 30. Saking kridha kasebat samangke masyarakat tansah kacekapan toya resik.

Pokmair 30 satunggaling wewengkon ing RT 30 RW 08 Kadipaten, ingkang ing papan kasebat wonten 5 kamar mandi umum. Kangge kabetahan toya tumrap warga, dipun ilekaken saking 3 genthong. Genthong ageng kangge adus lan nggirahi dene kalih genthong sanesipun, dipun ilekaken dhateng griyanipun warga kangge maneka kabetahan pribadhi warga. Sumber toya asal saking sumur kina ingkang diameteripun 2 meter.

Laras kaliyan ancasipun, Pokmair Genthong 30 kadhapuk wiwit taun 2002 kapengker gadhah program 3 P, inggih punika penghematan air, pendayagunaan ulang air, kadosta nanjakaken toya sisa wudhu kangge nyirami taneman, sarta pelestarian sumber air kanthi ngupakwis sumur. Kanthi program 3 P warga Kampung Kadipaten Wetan tansah kacekapan toya resik sinaosa ing wanci mangsa ketiga. Agus sesarengan warga sanesipun ugi tansah njagi mutuning toya sumur ingkang dados sumber toya warga kanthi nyukani kaporit ing saben wulanipun, uji laboratorium kangge bakteri logis 6 wulan sepisan lan uji laboratorium kangge kimia setaun sepisan.

Awit kangge adus lan nggirahi nunggal papan pramila asring warga kedah antri. Awit saking punika dhateng sangajenging pokmair dipun cawisaken ruang baca kangge warga ingkang saweg antri adus.

Amrih warga tansah saras, Agus boten namung ngajak warga ngirit toya, nanging ugi nggrengsengaken Program Rumbesapro, inggih punika Rumah Bebas Asap Rokok. Lumantar program kasebat, warga gadhah kesadharan nalika badhe ses sumingkir dhateng papan mirunggan.

Laras pangrembakaning jaman, pahlawan boten namung tetiyang ingkang berjuwang lumawan penjajah kangge ngrebat kamardikan kemawon nanging ugi tumrap tetiyang ingkang tumut berjuwang amrih saya majenging masyarakat. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.