Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tim Ganjal Ban Sawega Mbiyantu Pemudik

Tim Ganjal Ban Sawega Mbiyantu Pemudik

Gunungkidul, www.jogjatv.tv — Ngawekani macet lan kacilakan awit kendharaan ingkang mboten kiyat minggah tanjakan,Polres Gunungkidul sampun nyawisaken tim ganjal ban. Tim ingkang warganipun inggih saking TNI lan Polri punika tansah siya kangge mbiyantu ngganjel ban kendharaanipun pemudhik ingkang mboten kiyat minggah tanjakan.

Kanthi mbekta balok kajeng kangge ngganjel ban, sawetawis warganing polisi siaga dhateng tanjakan ndedel tlatah Slumprit, Kecamatan Patuk,Gunungkidul, ingkang rawan kecelakaan. Para petugas kasebat tumuli badhe ngganjel ban kendharaan ingkang boten kiyat nanjak. Sinaosa kedah toh nyawa jalaran saweg dhedhelipun margi nanging kridhanipun para petugas punika saestu mbiyantu tumrap para sopir ingkang kendharaanipun boten kiyat.

Kepala Bagian Operasi Polres Gunungkidul, Kompol Alaal Prasetyo mratelakaken, tim ganjal ban sengaja dipun dhapuk dening Polres Gunungkidul kangge ngawekani maneka kacilakan awit wonten kendharaan ingkang boten kiyat nanjak. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.