Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Gunungan Kupat

Kirab Gunungan Kupat

Klaten, www.jogjatv.tv – Ewonan warga  ing  Klaten Jawa Tengah, dinten Rebo (13/7) siyang mlempak dhateng Gumuk Sidoguro, Desa Krakitan, Bayat, Klaten, kangge ngestreni kirab gunungan kupat, pucaking upacara adat Bakda Kupat. Wonten 37 gunungan kupat lan 5000 iji kupat ingkang dipun dumaken dhateng warga. Lampahing upacara kawiwitan kirab gunungan kupat tumuju pucak Gumuk Sidoguro, kaombyong dening bupati, SKPD, BUMD, BUMNsarta para pengusaha. Sasampunipun dipun dongani gunungan kupat nuli kangge rayahan warga. Saking 37 gunungan kupat, namung 16 ingkang kangge rayahan lan sanesipun  dipun dumaken dhateng warga. Miturut  Bupati Klaten, Sri Hartini,   pucak Pekan Syawalan dipun gelar kangge memetri tradisi tilaranipun leluhur ingkang sampun lumampah mataun-taun. Kupat cekakan saking ngaku lepat dene tegesipun sami apura ingapuran supados suci malih lahir batin, pindhanipun kupat ingkang sinigar.

Warga mratelakaken remen saged pikantuk peranganing gunungan kupat awit miturut kapitadosanipun badhe mahanani tumrap gesangipun.  Tradisi Bakda Kupat tetela ugi narik kawigatosan  wisatawan ngamanca. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.