Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemohon AK 1  Suda

Pemohon AK 1  Suda

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Sasampunipun libur lebaran, ngantos samangke cacahing warga ingkang pados  AK Satu utawi  kartu kuning  suda tinimbang dinten padatan. Bab wau awit samangke boten wonten informasi penerimaan CPNS pramila warga ingkang dhateng Kantor Bidang Tenaga Kerja Dinsosnakertrans namung nangletaken lowongan pakaryan ing tlatah Kota Yogyakarta kemawon.

Awit saking punika,dinten Rebo (13/7) siyang kantor layanan pemohon AK1 katingal sepen tinimbang dinten padatan. Warga

Kawontenan punika sami kados taun kapengker. Padatan  Bidang Tenaga Kerja Kota Yogyakarta namung ngladosi tiyang 60 ngantos 80 saben dinten nanging nalika wonten informasi lowongan CPNS cacahing pemohon AK 1 mindak ngantos tikel  3. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.