Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Daging Ayam Mindhak

Regi Daging Ayam Mindhak

Bantul, www.jogjatv.tv — Limrahipun, sasampunipun lebaran regi sawetawis kabetahan baku badhe wangsul kados sakawit malih. Ewa semanten wiwit seminggu dungkap lebaran, regi daging ayam mindhak lan ngantos samangke taksih popog awis, antawis Rp.38.000,00- Rp.40.000,00 saben kilo. Regi daging ayam kawawas taksih badhe mindhak malih, jalaran pasokan ayam saking peternak winates.

Salah satunggaling bakul daging ayam, Nur Ramadan mratelakaken, regi daging ayam mindhak wiwit dungkap wulan ramadhan kapengker dene nalika lebaran regi daging ayam nggayuh Rp.40.000,00 saben kilo. Sinaosa reginipun mindhak nanging panyadenipun tetep laris. Daging ayam daganganipun pajeng 3 ngantos 4 kuintal sedintenipun. Kabetahan daging ayam tikel jalaran  ngleresi Wulan Syawal samangke kathah masyarakat ingkang ngadani pepanggihan trah lan syawalan.

Mrangguli kawontenan samangke, pemerintah kaajab grengseng nyemak regi kabetahan baku ing peken, boten namung nalika Wulan Ramadhan lan dungkap lebaran kemawon nanging  sasampunipun lebaran ugi kedah dipun awat-awati kanthi tumemen. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.