Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kodim 0732 Nyawisaken Rest Area Tumrap Pemudik

Kodim 0732 Nyawisaken Rest Area Tumrap Pemudik

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge biyantu para pemudik, Kodim 0723  Sleman, nyawisaken 2 rest area utawi tempat istirahat tumrap pemudik. Rest area punika sedaya jinangkepan fasilitas ingkang saged dipun ginakaken kanthi lelahanan lan dipun jagi dening  warganing TNI.

Dhateng rest area  cumawis tempat tidur lan  unjukan ingkang saged dipun ginakakaken kanthi lelahanan supados pemudik saged ngaso kanthi sekeca lan  aman.

Miturut  komandan kodim 0732 Sleman, Letkol ARM Joko Sujarwo, lebaran samangke, kodim 0732 Sleman, nyawisaken 2 rest area, dhateng pelataran  Makodim Sleman Jalan Magelang Sleman sarta dhateng pelataran Koramil Kecamatan Depok, Jalan Solo. Kekalih rest area kasebat bikak wiwit tanggal 1 Juli ngantos sasampunipun lebaran benjing.  Letkol ARM Joko Sujarwo ngajab para pemudik ingkang ngantuk lan kesayahen saged ngaso dhateng papan kasebat.

Letkol ARM Joko Sujarwo mratelakaken, ngantos samangke, pemudik asring dados korban kadurjanan. Awit saking punika, para  pemudik kedah ngatos-atos lan waspada menawi badhe ngaso dhateng papan tartamtu. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.