Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tas Tikar Kreasi Mahasiswa UNY

Tas Tikar Kreasi Mahasiswa UNY

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge ngrembakakaken lan ngecakaken ilmu kewirausahaan ingkang dipun tampi nalika kuliah, 10 mahasiswi Fakultas Ekonomi, Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) nyobi kreasi kanthi damel tas tikar. Kejawi kangge wadhah,  tas punika nalika dipun jereng ugi saged kangge slemek lenggah utawi gelaran. Kawitanipun inggih namung nyobi nanging samangke tetela kathah ingkang remen. Gagasan damel tas tikar  punika tuwuh nalika ningali tas saking bahan dasar nam-naman mendhong. Awit kawawas kirang fashionable pramila 10 mahasiswi kasebat dame tas gelaran ingkang langkung endah kanthi bahan baku  finil ukuran sameter, Menawi dipun gelar saged dados gelaran ukuran wiyar 90 cm panjang 150 centimeter.  Cara damel tas tikar ugi prasaja. Kawiwitan damel pola supados  salajengipun dipun pasangi velco perekat kanthi cara dipun jait.

Tas tikar damelanipun para mahasiswi UNY punika dipun sade Rp.115 ewu  saben ijinipun dene ingkang ukuranipun langkung alit, dipun sade kanthi regi Rp.60 ewu. Sinaosa saweg produksi ing wiwitaning taun 2016, panyadening tas tikar sampun rumambah dhateng sanjawining rangkah, kadosta dhateng Batam lan Bangka-Belitung, ingkang panyadenipun lumantar sistim online.

Kejawi tas tikar, 10 mahasiswi UNY punika ugi damel maneka dompet kangge wadhah piranti tulis ingkang ugi kedap air. Anggenipun damel tas tikar boten namung kandheg kreasi ing bidang ingkang saweg dipun gegulang nanging ugi saged ngrembakaken kasagedanipun ing bidang kewirausahaan. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.