Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Terjemahan Al Qur’an Mawi Aksara Jawa

Terjemahan Al Qur’an Mawi Aksara Jawa

Solo, www.jogjatv.tv – Museum Radya Pustaka ing Kitha Solo,Jawa,Tengah inggih gadhah maneka koleksi pustaka ingkang wigati lan umuripun sampun atusan taun. Salah satunggal koleksi Museum Radya Pustaka kasebat inggih terjemahan Al Qur’an mawi basa jawa lan dipun serat kanthi aksara jawa. Wonten tigang jilid terjemahan Al Qur’an kasebat ingkang saben jilid ngemot 10  juz.

Terjemahan Al Qur’an punika inggih wohing pakaryanipun Kyai Bagus Ngarpah, dene carikipun inggih Ki Rono Suboyo ingkang kalajengaken dening Ngabehi Pustaka. Panyerating terjemahan punika nalika jamanipun Sri Susuhunan Pakubuwana X, antawis taun 1893 – 1939.

Boten kathah ingkang mangertosi dhateng koleksi langka punika awit awis-awis dipun wedalaken dene anggenipun ngedalaken inggih nalika wonten penelitian dening mahasiswa utawi kangge kabetahan akademis sanesipun. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.