Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Kripik Welut Kelarisan

Perajin Kripik Welut Kelarisan

Klaten, www.jogjatv.tv – Perajin tetedhan  mirunggan Klaten, Jawa Tengah kelarisan. Welingan maneka jinis kripik, antawisipun kripik welut lan paru regeng wiwit tengahing Wulan Siyam samangke.

Salah satunggaling perajin kripik paru lan welut  ingkang dumunung ing Gang Latar Putih,Kelurahan Bareng Klaten, Umi Nur Hasana mratelakaken, salebeting seminggu ngintunaken   2 kwintal kripik paru. Kawimbuhan  kripik welut, kripik ceker lan kripik tempe. Kangge nyekapi welingan  umi  nambah tenaga karya lan makarya lembur.

Wiwit tumapak Wulan Romadhon welingan kripik paru lan welut  regeng, antawisipun saking sakiwa tengen Klaten, Ngayogyakarta, Magelang lan wewengkon Solo Raya, sarta Jakarta lan Bandung. Kejawi perkantoran ugi kathah warga ingkang weling kripik kangge parcel lebaran. Welingan maneka kripik taksih regeng ngantos sasampunipun lebaran awit kathah pemudik ingkang tumbas kripik kangge oleh-oleh. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.