Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FKUB, Buka Siyam Sesarengan

FKUB, Buka Siyam Sesarengan

Klaten, www.jogjatv.tv – Forum Komunikasi Umat Beragama (FKUB) Kebersamaan Klaten, Jawa Tengah, ngadani buka siyam sesarengan mapan ing Balai Desa Jonggrangan, Kecamatan Klaten Utara, dipun estreni dening warganing FKUB Kebersamaan,  wakil saking  6 agama lan  aliran kepercayaan ing  Indonesia, inggih punika, pangrasuk Agama Islam, Hindu, Budha, Katolik, Kristen, Khonghucu sarta Aliran Kejawen. Miturut ketua panitia Gus Mardjuki ingkang gadhah gagasan ngadani buka siyam sesarengan inggih  para kadang  lintas agama ancasipun kangge ngaosi Umat Islam ingkang nindakaken ibadah siyam lan kaajab dados patuladhan tumrap masyarakat.

Wondene Ketua FKUB Kebersamaan Klaten, Pendeta Suharno mratelakaken buka siyam sesarengan lintas agama dados bukti kamanunggalan lan kerukunan. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.