Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taneman Lombok Katerak Ama Lan Virus

Taneman Lombok Katerak Ama Lan Virus

Boyolali , www.jogjatv.tv – Pinuju mangsa panen samangke, regi  lombok mindhak awis. Emanipun paneraking ama kepara ngrebda awit kaperbawan kawontenan cuaca ingkang awon.  Sinaosa makaten  petani lombok pereng Redi Merapi Boyolali, Jawa Tengah taksih bathi, awit regi lombok samangke ngantos 60 ewu rupiyah saben kilo.

Kathahing jawah njalari paneraking ama taneman lombok ngrebda, antawisipun ing Desa Suroteleng, Kecamatan Selo, Boyolali, Jawa Tengah. Lombok ingkang sampun wancinipun dipun panen katerak virus lan ama. Ama nerak pupus ron satemah dados nglunthung dene virus nerak woh lombok satemah dados bosok lan gogrog. Supados taneman lombok mawoh malih, pramila kedah dipun obati kanthi ajeg.

Kangge ngawekani paneraking ama  lan virus, taneman lombok kedah dipun semprot kanthi ajeg. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.