Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Antri Tumbas Sembako Mirah

Warga Antri Tumbas Sembako Mirah

Boyolali, www.jogjatv.tv – Salah satunggal warganing DPR RI ngadani pasar murah sembako ing Boyolali, Jawa Tengah. Atusan  warga mlempak dhateng pelataran Gedung Wanita Boyolali kangge tumbas sembako mirah. Wiwit dipun bikak. warga sami dhesuk-dhesukan  supados saged mlebet tumbas sembako mirah. kepara petugas TNI lan polisi ngantos kuwalahan. Sawetawis warga ingkang nggendong yoganipun  kependeng-pendeng lan wonten satunggaling simbah ingkang dipun aturi mlebet rumiyin awit melas sanget.  Kangge tumbas sembako mirah warga kedah bekta girik lan foto copi kartu keluarga.

Kanthi mbayar 40 ewu rupiah. warga pikantuk paket sembako isi  uwos 5 kilo, gendhis pasir sekilo lan lisah  goreng 2 liter. Warga rumaos kabiyantu awit samangke regi kabetahan baku mindhak. dene samangke petani nemahi gagal panen.

Warga ngajab pasar sembako murah  sageda ajeg dipun gelar. kangge ngentheng-enthengi sesanggan  masyarakat. awit reginipun langkung mirah tinimbang regi ing peken. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.