Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Ringgit Tiyang Gathutkaca Rante

Pagelaran Ringgit Tiyang Gathutkaca Rante

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pagelaran ringgit tiyang Tresna Budaya Manunggal kanthi lampahan Gathutkacar Rante ing Auditorium RRI Gejayan Yogyakarta, malem Kemis (16/11) narik kawigatosanipun pamirsa. Pagelaran ringgit tiyang punika ancasipun kangge memetri budaya ngiras ugi suka seserepan dhateng para seniman mudha dhateng piwucal kabudayan jawa.

Pagelaran ringgit tiyang lampahan Gathutkaca Rante kejawi kanthi paraga para wiranem, ugi dipun regengaken dening sawetawis seniman kawentar ing Ngayogyakarta, antawisipun Yati Pesek, Dalijo, Gareng Rakasiwi lan Gita Gilang.  Pagelaran punika dipun sengkuyung sawetahipun dening Dinas Kebudayaan DIY. Perwakilan Dinas Kebudayaan DIY, Setiawan mratelakaken tansah nyengkuyung kupiya kangge memetri budaya ing DIY, salah satunggalipun inggih ringgit tiyang. Kagunan seni punika kaajab ing tembenipun badhe saya ngrembaka lan dipun remeni dening masyarakat sarta kaajab saged regenerasi.

Pangarsa Ringgit Tiyang Tresna Budaya Manunggal, Yati Pesek mratelakaken, kathah piguna ingkang saged dipun pethik dening para mahasiswa ingkang tumut pagelaran punika. Kejawi nampi seserepan bab seni tari, ugi wonten seni teater lan antawecama. Yati Pesek ngajab kanthi pagelaran ringgit tiyang kados makaten, badhe nuwuhaken raos tresna dhateng kagunan seni ringgit tiyang, mliginipun tumrap para mudha, ingkang ing tembenipun badhe nglajengaken lan memetri ringgit tiyang minangka salah satunggaling kaskaya lan Warisan Budaya Indonesia.

Salebeting cariyos punika, Lesmana Mandrakumara ingkang badhe nyidra Dewi Pregiwati, mejahi Pancawala kanthi sarana Duwung Kyai Kalanadhah gadhahanipun Gathutkaca. Gathutkaca kadakwa ingkang mejahi Pancawala. Awit rumaos boten tumindak, Gathutkaca sagah ngupadi duratmaka nanging jalaran taksih minangka pesakitan pramila Gathutkaca dipun rante saranduning badanipun. Ing wasana Gathutkaca saged nyepeng Lesmana Mandrakumara ingkang sampun mejahi Pancawala.

Pagelaran ringgit tiyang punika tetela narik kawigatosanipun pamirsa wiwit saking lare ngantos diwasa ingkang ngebaki Auditorium RRI Yogyakarta. Kanthi tingkah polahipun ingkang gecul anut kaliyan dhapukanipun, para bintang tamu damel regenging suwasana. ( Purwanto )

 

Share this with friends

Comments are closed.