Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Musik Sarana Promosi Wisata

Musik Sarana Promosi Wisata

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Daerah Istimewa Yogyakarta kathah nglairaken musisi-musisi industri musik. Mboten saged dipun selaki, musik dados sarana kangge manunggalaken penduduk, kepara kangge sarana promosi industri pariwisata .

Para sutrensa musik ingkang ugi ambyur ing jagat  seni saya dangu ugi saya majeng, kepara group band lokal ugi saged monjo ing madyaning masyarakat awit genre ingkang dipun cawisakan maneka warni, antawisipun  pop, dangdut sarta lagu nostalgia. Awit  musik dados sarana kangge nglempakaken masyarakat, Dinas Pariwisata dan Budaya Kota Yogyakarta, memitran kaliyan group band lokal kangge mimbuhi regenging industri wisata, lumantar pentas musik kangge biwara lan narik kawigatosan wisatawan. Parkiran Abubakar Ali dipun tanjakaken kangge nggelar pentas music awit  papan kasebat dados jujugan rombongan wisatawan ingkang kaangkah saged suka panglipur mligi tumrap  wisatawan ingkang plesir dhateng Kota Yogyakarta.

Kajawi punika, Pentas Kawasan  ugi dados wadhah tumrap komunitas lan group band lokal kangge ndayakaken kasagetanipun ,ngiras kangge nglipur wisatawan. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.