Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SUROKERTEN TELENG PRODUKSI BRAMBANG

SUROKERTEN TELENG PRODUKSI BRAMBANG

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Kangge nyuda kathahipun brambang impor saking ngamanca, pemerintah tansah mbudidaya amrih kabetahan brambang saged dipun cekapi dening para petani lokal. Salah satunggaling program ingkang dipun lampahi inggih punika program bantuwan 1 ton bibit brambang kangge dipun tanem dhateng Sleman, Bantul lan Gunungkidul.

Kados ingkang dipun tindakaken dhateng Padhukuhan Surokerten, Selomartani, Sleman. Pasabinan kanthi wiyar sak hektar kangge percontohan lan sampun dipun tanemi bibit brambang wiwit sawetawis wulan kapengker. Punika inggih kupiya saking pamarentah kangge ngangkah swasembada brambang. Padhukuhan Surokerten kapilih kangge percontohan pananeming brambang kangge Kabupaten Sleman. Kupiya punika ugi kangge nyuda mlebetipun brambang impor ingkang saged damel kapitunanipun para petani brambang.

Ketua Kelompok Tani Dewi Sri Padhukuhan Surokerten, Wahyudi mratelakaken, saderengipun sawetawis warganipun sampun nanem brambang, nanging asilipun dereng maremaken. Dene sasampunipun wonten program saking pamarentah lan nampi bantuwan bibit brambang kathahipun sak ton, ingkang sampun dipun tanem dhateng sahektar pasabinan, kaajab Surokerten saged dados teleng produksi brambang ing Sleman.

Kepala Desa Selomartani, Nur Widayati njurung sawetahipun dhateng para kadang tani ingkang mbudidaya ndhapuk Surokerten dados papan teleng produksi brambang ing Sleman. Taneman brambang saged dados pilihan sanes tumrap para kadang tani ing papan punika kejawi taneman palawija sanesipun.  ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.