Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PETANI DAMEL SUMUR IRIGASI

PETANI DAMEL SUMUR IRIGASI

Sragen, Jawa Tengah www.jogjatv.tv – Awit DAM Colo Timur dipun tutup dening Balai Besar Solo ing tanggal 5 oktober kapengker, para petani ing Sragen Jawa Tengah, kepeksa damel sumur dhateng tengah sabin kangge sarana irigasi. Kupiya punika kedah dipun tempuh dening para kadang tani kangge irigasi taneman pantun ingkang sawetawis wekdal malih tumapak wanci panen.

DAM irigasi Colo Timur ingkang dipun tutup dening Balai Besar Solo, njalari para petani ing Sragen, Jawa Tengah klabakan. Supados saged nyekapi kabetahan toya irigasi kangge tanemanipun, para petani kepeksa damel sumur bur dhateng tengah sabin, sinaosa kedah ngedalaken tambahan wragad. Bab kasebat jalaran menawi taneman pantun ingkang kirang gangsal welas dinten panen punika boten pikantuk pasokan toya irigasi, dipun kuwatosaken puso.

Kanthi katutupipun DAM Colo Timur, pehak Balai Besar Solo tanggel jawab kanthi suka bantuwan gangsal unit mesin diesel utawi mesin pompa toya, ingkang dipun dumaken dhateng sawetawis kelompok tani ing Sragen iring wetan.

Kanthi wontenipun bantuan mesin pompa toya saking Balai Besar Solo, petani rumaos kabiyantu, awit saged tumuli dipun tanjakaken kangge sarana irigasi. Kanthi makaten, para petani ing wewengkon Sragen iring wetan kalis saking ancaman gagal panen.  ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.