Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PENGGALANGAN DANA KANGGE KORBAN KABUT ASAP

PENGGALANGAN DANA KANGGE KORBAN KABUT ASAP

Ngayogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Sawetawis mahasiswa kedokteran saking maneka pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta, nggelar kridha Penggalangan Dana Peduli Korban Kabut Asap Sumatera dan Kalimantan. Kridha punika kangge mbiyantu para korban kabut asap ingkang ngantos samangke kirang pikantuk kawigatosan.

Saya kathah warga masyarakat ingkang nggelar aksi solidaritas kangge korban kabut asap ing Kalimantan lan Sumatra. Ing Ngayogyakarta, mahasiswa kedokteran saking maneka pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta nggelar penggalangan dana dhateng wewengkon titik nol kilometer. Kridha punika nampi tanggapan gumathok saking para pengguna jalan. Miturut rantaman asiling penggalangan dana punika badhe tumuli dipun kintunaken dhateng para korban kabut asap ing Palangkaraya, Kalimantan Tengah, bab kasebat jalaran para korban ing Palangkaraya kirang nampi kawigatosan lan bantuwan saking pamarentah.

Awit kabut asap punika, kridha perekonomian lan pendidikan ing Sumatra lan Kalimantan prasasat lumpuh. Kabut asap ingkang sampun nggembuleng sadanguning tigang wulan punika sampun njalari sangang warga tilar donya, 40.000 jiwa nandang sakit sarta 40 yuta jiwa kaperbawan dayaning kabut asap ing saben dintenipun.  ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.