Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

HARYADI SUYUTI KEPRANAN BAJAJ BBG

HARYADI SUYUTI KEPRANAN BAJAJ BBG

Ngayogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Nalika saweg berdondi bab kawicaksanan wontenipun becak motor utawi bentor, Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti kepara malah nyobi Bajaj BBG, utawi ing Jakarta sinebat Bajaj Biru. Walikota namung nelakaken nyobi lan dereng gadhah rantaman magepokan kaliyan bajaj menika.

Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti nedheng nyobi kendaraan roda tiga, Bajaj BBG utawi ing Jakarta katelah Bajaj Biru. Haryadi nelakaken bilih namung nyobi lan dereng gadhah rantaman punapa kemawon magepokan kaliyan bajaj punika, sinaosa samangke kawicaksanan bentor utawi becak motor taksih dados pirembagan. Menawi ing Jakarta Bajaj Biru minangka gantosipun bajaj oranye, Haryadi mawas bajaj punika saged dados sarana transportasi pilihan kangge Ngayogyakarta. Langkung-langkung bajaj saged mlebet dhateng gang alit salebeting kampung. Miturut Haryadi kendaraan punika sekeca lan kabin boten brebeg sinaosa mawi mesin penggerak kapasitas 150 CC.

Haryadi ugi mratelakaken boten mangertos bajaj ingkang dipun cobi punika sampun nyekapi standar kelaikan jalan utawi dereng. Pramila, kendaraan punika kedah dipun uji langkung rumiyin dening Dinas Perhubungan lan Kepolisian. Bajaj BBG ingkang nanjakaken BBM bensin punika saget amot kangge tiyang tiga.  ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.