Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FASHION SHOW BUSANA BATHIK

FASHION SHOW BUSANA BATHIK

Kulonprogo, DIY www.jogjatv.tv Para perancang busana tansah mbudidaya kanthi daya kreasinipun damel satunggaling bab ingkang beda. Kadosta ingkang dipun pameraken salebeting fashion show malem Selasa (19/10) kalawingi ingkang dipun gelar dhateng plataran Kantor Bupati Kulonprogo. Bathik Geblek Renteng lan Galaran Gringsing katingal langkung edi nalika dipun angge dening para model ingkang mameraken maneka rancangan busana.

Kirang langkung 40 model mameraken maneka rancangan busana, mlampah dhateng catwalk ingkang dipun gelar dhateng plataran Kantor Bupati Kulonprogo. Pagelaran sadanguning kalih jam kanthi suwasana ingkang tinanta endah punika damel keprananipun para pamirsa, kalebet para tamu sedhahan, kadosta Bupati Kulonprogo Hasto Wardoyo lan Ketua KONI DIY GBPH Prabukusumo. Motif bathik ciri mathi Kulonprogo, Geblek Renteng lan Galaran Gringsing dipun dhudhah kanthi kadamel maneka rancangan busana tanpa jaitan dening Draping Art Arjuna Pradana sarta Puryanto. Dene lampahing pagelaran dipun tata endah dening koreografer Dea Deanova. Kridha kados makaten kaajab saged kangge sarana ngangkat maneka kaskaya Kulonprogo supados saged langkung kuncara ngantos jagad internasional.

Muhammad Sugeng

Share this with friends

Comments are closed.