Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FESTIVAL KEThOPRAK

FESTIVAL KEThOPRAK

Gunungkidul, DIY www.jogjatv.tv Kangge nggrengsengaken malih seni kethoprak ing Gunungkidul, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Gunungkidul nggelar Festival Kethoprak. Festival punika dipun gelar sadanguning seminggu lan dipun estreni dening 24 paguyuban kethoprak wakil saking 18 kecamatan sa Gunungkidul, dene paraganipun para wiranem, sepuh piyambak umur kawandasa taun.

Daerah Istimewa Yogyakarta inggih wewengkon ingkang sugih kaskaya seni budaya. Maneka kagunan seni kasebat dipun budidaya amrih tetep lestari antawisipun kanthi nggelar festival kesenian lokal, kadosta ingkang dipun gelar dening Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Gunungkidul. Malem Selasa (19/10) kalawingi lampahing festival kethoprak dipun kepyakaken. Festival punika badhe dipun gelar sadanguning seminggu, dipun estreni dening 24 paguyuban ketoprak saking 18 kecamatan sa Kabupaten Gunungkidul.

Wonten sawetawis pranatan ingkang kedah dipun tetepi dening pasarta festival kethoprak punika. Antawisipun, paraga ingkang kadhapuk sepuh piyambak umur kawandasa taun lan warga asli Gunungkidul kanthi KTP laras kaliyan kecamatan ingkang dipun wakili. Saben paguyuban kethoprak dipun sukani kalodhangan seket menit ngantos sewidak menit kangge nggelar kagunan, dene ing dinten kapisan ingkang pentas inggih punika paguyuban kethoprak wakil saking Kecamatan Purwosari, Gedangsari lan Playen. Dewan juri ingkang mbiji lampahing festival inggih para seniman kethoprak profesional. Pamupu ingkang unggul ing tembenipun badhe makili Kabupaten Gunungkidul, majeng festival kethoprak tataran propinsi lan wenang mboyong tropy sarta nampi arta pembinaan 20 yuta rupiyah.

Sariyanto, Kepala Dinas Kebudayaan dan PariwisataKabupaten Gunungkidul mratelakaken, festival kethoprak punika sengaja boten dipun gelar dhateng Gedhung Kesenian Wonosari, amrih anggenipun ningali lan nyemak pagelaran saged langkung sekeca. Sinaosa boten dipun gelar dhateng lapangan, nanging tetela kridha punika narik kawigatosanipun pamirsa. Kaajab, seni kethoprak tetep saged lestari lan ndayani tumrap jagad pariwisata ing Gunungkidul.

Anjar Ardityo

Share this with friends

Comments are closed.