Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SMAN I GODEAN DEDONGA NYUWUN JAWAH

SMAN I GODEAN DEDONGA NYUWUN JAWAH

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Atusan siswa, guru lan karyawan SMAN I Godean Sleman, dinten Jemuah (6/11) enjing, dedonga sesarengan nyuwun tumuruning jawah. Ancasipun kangge mupuk kawigatosan pelajar dhateng sesangganing sasama,awit pangaribawa mangsa ketiga samangke, saya kathah warga ingkang kekirangan toya.

Dedonga kapantha dados kalih kelompok, guru, karyawan sarta siswa Umat Kristiani dedonga dhateng ruang kelas, dene pangrasuk agamaIslam, Sholat Istisqo’ dhateng plataran sekolahan,kanthi imam lan kotib Kepala KUA Godean, Sleman, Ahmad Fauzi Satriyono.Salebeting kalodhangan kasebat ugi kaimpun infak, kangge biyantu warga ingkang kekirangan toya resik.

Miturut Kepala SMAN I Godean, Shobariman,ancasipun dedonga nyuwun tumuruning jawah dhumateng Gusti Ingkang Hakarya Jagad, awit miturut ramalan BMKG Pusatmangsa rendheng taun punika tumapak wiwit wulanDesember benjing, kamangka ngantos samangke, saya kathah warga ingkang kekirangan toya, kepara laladan pasabinan ugi kekirangan toya. Kejawi punika kangge mupuk kawigatosan pelajar dhateng sesangganing masyarakat.

Shobariman ugi mratelakaken, dedonga sesarengan boten namung sepisan dipun tindakaken,saben wewengkon Indonesia tumempuh musibah alam, para guru lan karyawan SMAN I Godean Sleman tansah dedonga sesarengan.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.