Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SOROSUTAN KAMPUNG TRADISI DAN BUDAYA

SOROSUTAN KAMPUNG TRADISI DAN BUDAYA

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Warganing Komunitas Seniman  Kampung saking kabupaten lan kota  ing DIY, malem Jemuwah (5/11) kalawingi, ngregengaken Festival Kampung, ingkang dipun adani dening Kampung Sorosutan, Umbulharjo,  Kota Yogyakarta. Salebeting kalodhangan kasebat, Kampung Sorosutan dipun dhapuk dados Kampung Tradisi Dan Budaya.

Festival Kampung ingkang dipun sengkuyung dening  Komunitas Seniman  Kampung saking 4 kabupaten  lan kota ing DIY, dipun gelar malem Jemuwah (5/11) kalawingi, mapan ing Kampung Sorosutan, Umbulharjo, Kota Yogakarta.Kejawi dipun sengkuyung dening warga,kridha kasebat ugi dipun sengkuyung dening pelaku seni, sawetawis pejabat Pemda DIY  sarta Pemerintah Kota  Yogyakarta.Pagelaran kapurwakan seni gejog lesung sarta maos  ikrar  pengawal 100 tahun kemerdekaan RI dening para mudha saking 5  kampung  ing DIY, ingkang greget ngleluri kagunan budaya sarta ngawal Keistimewaan DIY kalebet njagi kampung supados kalis saking peredaran miras, narkoba lan penyakit masyarakat. Festival Kampung ugi dados kalodhangan kangge ndhapuk Kampung Sorosutan  minangka Kampung Tradisi Dan Budaya, kanthi napak asmani prasasti dening GKR Mangkubumi. Salebeting festival kampung ugi dipun kepyakaken Batik Sidokabul, batik tulis wohing pakaryan salah satunggaling warga Sorosutan.Kepyakan bathik dipun regengaken kirab bregadasarta masrahaken Bathik Sidokabul dhateng GKR Mangkubumi. Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti rumaos mongkog awit Kampung Sorosutan dipun dhapuk sepisanan salebeting Festival Kampung dados Kampung Tradisi Dan Budaya.Miturut Haryadi, rikala semanten Kampung Sorosutan inggih salah satunggaling kampung ingkang nglairaken seniman lan penyair. GKR Mangkubumi nyengkuyung gumelaring Festival Kampung lan ngajab sedaya warga memetri lan ngleluri lampah adat lan budaya luhur, amrih lestarining kagunan budaya adiluhung.

Festival Kampung punika inggih wujud pikukuhan kampung minangka papan gumelaring tradisi lan budaya keistimewaan DIY.Boten namung Sorosutan, kanthi gentosan ugi badhe dipun kukuhaken Kampung Tradisi Dan Budaya dhateng 4 kabupaten ing DIY.Kampung ingkang kapiji, inggih kampung ingkang gayut kaliyan sejarah.

Hari Atmaja

Share this with friends

Comments are closed.