Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SHOLAT ISTISQO LAN SEDHEKAH DHAWET

SHOLAT ISTISQO LAN SEDHEKAH DHAWET

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Warga Desa Somakaton sesarengan kaliyan para siswa SMA Negeri 1 Karangnongko Klaten, dinten Jemuah (6/11) enjing nindakaken Sholat Istisqo kangge nyuwun tumuruning jawah. Salebeting kridha kasebat, sekolah ugi nggelar lampah adat sedhekah dhawet.

Mangsa ketiga ingkang panjang, njalari kathah papan ingkang kekirangan toya resik, sarta sawetawis wana kobar jalaran kabesmen.Sawetawis wekdal kapengker, wana jati ing wewengkon Desa Krikilan Bayat ugi kobar. Maneka kupiya tansah dipun tindakaken supados tumuli jawah, antawisipun kanthi nindakaken Sholat Istisqo kados ingkang dipun tindakaken dening warga Desa Somakaton lan siswa SMA Negeri 1 Karangnongko Klaten punika.Siswa lan warga nindakaken Sholat Istisqo dhateng papan tinarbuka, monjukaken donga amrih Gusti tumuli paring jawah, satemah warga boten kangelan malih anggenipun pados toya resik lan ugi nyirep kobaring wana.

Kejawi nindakaken Solat Istisqo,pehak sekolahugi nggelar sedhekah dhawet satunggaling lampah adat budaya Jawa, minangka pralambang nyuwun tumuruning jawah.

Kepala SMA Negeri 1 Karangnongko, Heri Wuryanto mratelakaken,kanthi ndedonga lan lampah adat sedhekah dhawet, kaajab tumuli jawah, satemah warga boten kangelan malih anggenipun pados toya resik.

Purwanto

Share this with friends

Comments are closed.