Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

REGI GAPLEK MANDHAP

REGI GAPLEK MANDHAP

Gunungkidul, DIY www.jogjatv.tv Mirahipun pathokan regi gaplek saking pabrik sarta toko, njalari sawetawis pengepul gaplek ing Kabupaten Gunungkidul nandhang kapitunan.Para pengepul gaplek boten saged tumindak kathah, sinaosa sampun ngedalaken wragad lan tenaga kangge ngocal tela dados gaplek.

Regi gaplek ing Gunungkidul samangke langkung mirah tinimbang wulan kapengker. Menawi nalika panen raya tela ing wulan Juli ngantos Oktober kapengker,regi gaplek Rp. 2.700 ngantos Rp. 2.900 saben kilo,samangke regi gaplek kepara mandhap dados Rp. 2.400 ngantos Rp. 2.600 saben kilonipun.Kamangka sawetawis pengepul nelakaken kangelan anggenipun pados tela saking petani kangge bahan baku gaplek.Mirahipun regi gaplek sasampunipun panen raya tela punika miturut pandugi awit mindhakipun aos dolar tumrap rupiyah, satemah sawetawis pabrik lan toko palawija boten wantun tumbas gaplek kanthi regi awis. Bab kasebat njalari sawetawis pengepul gaplek ing Kabupaten Gunungkidul lesu awit sampun ngedalaken tenaga kangge mepe tela kadamel gaplek.

Anjar Ardityo

Share this with friends

Comments are closed.