Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sleman Siyaga Ngadhepi Mea

Sleman Siyaga Ngadhepi Mea

Sleman, www.jogjatv.tv –Para pelaku usaha ing sleman sampun siyaga ngadhepi lampah jorjoran salebeting masyarakat ekonomi asean utawi mea, ingkang badhe lumampah wiwit taun kalih ewu nembelas benjing. Sinaosa makaten maneka lampah pembinaan wiwit saking ,caranipun njagi mutuning produk, pengepakan lan sistem pemasaran tetep taksih dipun tindakaken.

Miturut kepala dinas perdagangan perindustrian dan koperasi, disperindagkop sleman, pustopo, wonten maneka jinis kerajinan wohing pakaryanipun warga sleman ingkang mutunipun sae lan gadhah aos ekonomis. Antawisipun maneka produk kuliner, bathik, maneka kerajinan tas kulit, kerajinan sela, sarta maneka mebel kayu lan deling. Kejawi dipun ekspor dhateng maneka nagari ngamanca, maneka kerajinan wohing pakaryanipun warga sleman kados ingkang dipun pajang dhateng ruang pamer disperindagkop sleman punika, ugi dipun dhasaraken dhateng maneka toko lan mall ing indonesia, ingkang tetela ugi dipun remeni konsumen. Awit saking punika, pustopo nelakaken boten kuwatos ngadhepi persaingan bebas masyarakat ekonomi asean utawi m-e-a ingkang badhe lumampah wiwit januari kalih ewu nembelas benjing. Pustopo pitados, sinaosa wiwitaning januari benjing, toko-toko lan mall ing indonesia badhe kathah barang impor, nanging maneka barang wohing pakaryanipun para perajin ing sleman tetep pajeng awit dipun remeni konsumen. Kepara welingan ekspor saking maneka nagari dhateng barang-barang kerajinan saking sleman ugi badhe mindhak. Sinaosa makaten, lampah pembinaan kangge njagi mutuning produk, sistem pengepakan sarta sistem pemasaran tumrap para perajin taksih dipun tindakaken. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.