Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tari Sekar Setaman

Tari Sekar Setaman

Klaten, www.jogjatv.tv – Satunggaling guru ing klaten jawa tengah ngripta tari sekar setaman ingkang nyariyosaken babagan pendidikan. Kanthi joged ingkang trengginas, rinengga busana sarta iringanipun, mahanani tari punika gadhah ciri mathi mirunggan.

Tari sekar setaman ingkang dipun paragani dening sawetawis siswa SMA 1 Karangdowo Klaten, Tari kasebat inggih riptanipun satunggaling guru seni tari dan budaya ing sekolah kasebat inggih punika Widi Astuti. Tari ingkang ngemot piweling kasebat rinipta kanthi pangajab pengin ngrembakakaken maneka daya kasyaka, ngengeti sawetawis taun pungkasan seni tari ing kalangan siswa kirang grengseng.

Tari sekar setaman nyariyosaken jagading pendidikan lan ngemot piweling tumrap para siswa. Antawisipun siswa kedah trengginas, lantip lan kebak greget kangge sinau. Busana werni abrit, lambang greget ingkang makantar. Dene iringan mawi sekar pocung, nggambaraken siswa kangge ngranggeh gegayuhan kedah sinartan pangrekadaya ingkang mbetahaken wekdal. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.