Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sendratari Dumadining Kwagon

Sendratari Dumadining Kwagon

Sleman, www.jogjatv.tv –Kreatifitas pranyata tan winates. Sinaosa dede koreografer profesional, para perajin gendheng ing padhukuhan kwagon, desa sidorejo, kecamatan godean, sleman, pranyata saged ngripta satunggaling sendratari ingkang mranani. Sendratari sesirah dumadining kwagon, inggih wujud garapan saking tari makarya ingkang sampun wonten, nggambaraken lelampahan gesang padintenan para perajin gendheng.

Makaten punika gumelaring sendratari sesirah dumadining kwadon, ingkang dipun ripta dening para perajin gendheng ing padhukuhan kwagon, desa sidorejo, kecamatan godean, sleman. Sendratari punika inggih garapan enggal saking tari makarya ingkang sampun wonten, nyariyosaken bab panggesangan padintenan para perajin gendheng.

Sendratari dumadining kwagon inggih satunggaling tari ingkang nyariyosaken dumadosipun padhukuhan kwagon. Inggih punika ing jamanipun sri sultan hamengkubuwana kaping gangsal, wonten abdi dalem kraton nama tumenggung rekso manggolo lan tumenggung pusponegoro ingkang masanggrah dhateng godean. Ing pasanggrahan kasebat, priyagung kekalih wau ningali kathah warga ingkang makarya, nanging caranipun makarya kawawas kirang trampil utawi wagu. Awit saking punika dening kekalih pengageng kraton ngayogyakarta kasebat, wewengkon punika kaparingan nama dhusun kwagon.

Salebeting sendratari kasebat ugi dipun gambaraken panggesanganipun warga kwagon ing saben dintenipun. Inggih punika wiwit mendhet siti, ngocal, ngepres dados gendheng, ngantos mbesem gendheng mentah, sarta raos remen nalika gendheng damelanipun dados lan pajeng kasade. Miturut dhukuh kwagon, sukiman, sendratari dumadining kwagon punika dipun ripta kejawi kangge nepangaken lampah sejarah dhateng wiranem ing kwagon, ugi kangge nambah kaskaya wisata budaya ing padhukuhan kwagon.

Miturut sukiman, para paraga sendratari dumadining kwagon gunggung 62 paraga saking maneka jinis lampah pakaryan punika, sedayanipun inggih warga padhukuhan kwagon, lan saperangan inggih para perajin gendheng. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.