Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa Difabel Gladhen Panjat Dinding

Siswa Difabel Gladhen Panjat Dinding

Solo, www.jogjatv.tv – Puluhan siswa penyandang disabilitas tumut gladhen panjat dinding dhateng iring wetan Gelora Manahan , Solo , Jawa Tengah. Kridha kasebat dipun estreni dening pelajar saking Balai Besar Rehabilitasi Sosial Bina Daksa lan Slb A YKAB Solo.

Sabar Gorky, tunadaksa ingkang kasembadan mboyong medali emas kejuaraan Paraclimbing Asia 2009 ing Cheunchon, Korea Selatan, ingkang dados instruktur panjat dinding tumrap siswa penyandang disabilitas samangke lan suka panjurung tumrap para penyandang disabilitas supados sengguh.

Pendaki tunadaksa kasebat gadhah prestasi ingkang monjo, kasembadan minggah puncak tertinggi Eropa , inggih Pegunungan Elbrus ingkang inggilipun 5.642 m saking salumahing seganten sarta Kilimanjaro ing Afrika ingkang inggilipun 5.895 m saking salumahing seganten.,

 

Miturut Sabar Gorky gladhen kasebat nedahaken bilih Solo mujudaken kota ramah bagi difabel lan pangajabipun ing tembe manggihaken atlet ingkang saged nglajengaken gegayuhanipun.

( Sazadi Abdilah )

Share this with friends

Comments are closed.