Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tumapak Mangsa Rendheng, Mutu Sata Mandhap

Tumapak Mangsa Rendheng, Mutu Sata Mandhap

Sleman, www.jogjatv.tv – Tumapaking mangsa rendheng ing wewengkon DIY dipun tampi kanthi remen dening masyarakat, mliginipun ingkang sadanguning mangsa ketiga kangelan pados toya resik. Kosok wangsulipun menggahing petani sata. Tumapaking mangsa rendheng kepara njalari kapitunan awit njalari mutuning sata mandhap.

Sasampunipun jawah sawetawis wekdal kapengker, taneman sata katingal ledhung-ledhung nanging mutunipun mandhap satemah refinipun mirah.

Miturut ketua Asosiasi Petani Tembakau Indonesia (APTI ) DIY, Suwarji, laladan sata ing DIY mangsa ketiga samangke, wiyaripun 2.500 hektar dene produksinipun 6-7 ton saben hektar. Ngantos tumapak wulan November, laladan taneman sata ingkang dereng dipun panen taksih onten atusan hektar, sumebar ing sawetawis wewengkon DIY. Saderengipun jawah, mutu taneman sata ingkang dereng dipun panen sae, nanging sasampunipun kenging jawah mutunipun mandhap satemah reginipun mirah pramila petani sata nandhang kapitunan.

Sinaosa mutu sata mangsa ketiga samangke sae, emanipun regi sata mandhap. Bab wau dipun dugi jalaran wontenipun lampah culika saking para pengepul punapa dene perusahaan rokok.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.