Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mutasi Jabatan Kasat Lantas Lan Perwira Polisi

Mutasi Jabatan Kasat Lantas Lan Perwira Polisi

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kasat Lantas sarta sawetawis perwira Polres Purworejo dipun mutasi. Ancasipun minangka penyegaran pejabat polres purworejo supados prestasinipun tansaya sae.

Kapolres Purworejo, AKBP Th Arsida Septiana , dinten Senen (9/11), misudha lan mendhet sumpah jabatan, Kasat Lantas Polres enggal sarta sawetawis perwira polisi ingkang dipun mutasi.

Kasat Lantas lami, AKP Aditya Mulya Ramdhani dipun mutasi dhateng Polres Kebumen, dipun gantos dening AKP Muhammad Syuhada, SE ingkang saderengipun lenggah minangka Kapolsek Jati Kudus dene sawetawis perwira ingkang dipun mutasi antawisipun Kapolsek Bener, Kapolsek Kemiri, Kapolsek Pituruh, Kasubag Pres lan Kasubag Sarpas .

Satunggaling perwira ingkang samangke dipun sukani kalodhangan promosi jabatan inggih Kasubag Humas Polres Magelang , AKP Haris Gunardi .

( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.