Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Busana Mataram 2015

Lomba Busana Mataram 2015

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kathah cara ingkang saged dipun tempuh kangge nepangaken maneka budaya tilaranipun leluhur dhateng para wiranem. Salah satunggalipun lumantar Lomba Busana Mataram, ingkang dipun gelar dening Kawedanan Seni Lan Budaya Puropakulaman Ngayogyakarta. Lampahing lomba dipun regengaken dening para pamupu saking kapupaten kota sa DIY.

Kalihatus seket setunggal pamupu saking maneka kabupaten kota sa DIY, sami greget tumut mupu Lomba Busana Mataram DIY 2015, ingkang dipun gelar dening Puropakualaman Ngayogyakarta, tembayatan kaliyan Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Para pamupu sami ngangge busana mataraman, aben luwes dhateng sangajenging dewan juri.

Kejawi babagan busana, cara ngadisalira lan ugi aben luwes anggenipun solah bawa dhateng panggung, dados bab ingkang dipun biji salebeting Lomba Busana Mataram dene lomba dipun pantha dados tigang kategori, inggih punika kangge lare, diwasa lan umum.

Salah satunggaling pamupu Putri Pertiwi, rumaosremen tumut lomba awit dados kalodhangan kangge ngasah bakatipun minangka modhel sarta kangge nambah seserepanipun ing babagan busana mataraman ingkang trep lan leres.

Kejawi kangge pembinaan tumrap wiranem, Lomba Busana Mataram ingkang saweg sepisanan dipun gelar ugi kangge ngengetaken bilih Ngayogyakarta ugi gadhah kaskaya bab busana ingkang boten namung endah nanging ugi ngemu werdi sinandi. Kaajab para pamupu langkung mangertos dhateng sejarah, tatacara ngangge busana mataram, nalika samangke busana adat ugi saya ngrembaka.

Para pamupu ingkang sasab, kejawi nampi bebingah arta pembinaan ugi nampi sertifikat sarta kadhapuk minangka Duta Seni Dan Budaya Puropakulaman Yogyakarta.

( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.