Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kuliner Tahu Gimbal

Kuliner Tahu Gimbal

Solo, www.jogjatv.tv – Tahu gimbal inggih kuliner mirunggan Kitha Semarang ingkang dipun remeni pramila prasasat dhateng sadengah papan wonten bakul tahu gimbal, kalebet dhateng Kitha Solo , Jawa Tengah.

Nalika mireng tembung gimbal, padatan lajeng tuwuh gambaran rikma gimbal kados para pemusik reggae. dene kuliner ingkang katelah tahu gimbal jalaran wonten peranganipun ingkang memper kaliyan rikma gimbal nanging gimbal tahu punika dipun damel saking urang ingkang dipun glepungi nuli dipun goring satemah wujudipun memper rikma gimbal.

Racikaning tahu gimbal inggih punika lonthong, tahu, gimbal saking urang, tigan lan sayuranipun kobis sarta thokolan. Menawi tiningalan saklebatan, racikan kados kethoprak, tetedhan mirunggan Betawi nanging menawi rinaosaken raosipun beda jalaran wontenipun sambel kacang lan gimbal urang.

Sinaosa tetedhan tetedhan mirunggan kawentar saking Kitha Semarang nanging samangke sampun mratah dhateng sadengah tlatah, kadosta ing wewengkon Manahan,Solo. Panjenengan saged ngicipi miraosipun tahu gimbal Semarang, kanthi regi ingkang murwat, Rp 10.000,00 saben porsi.

( Sazadi Abdillah )

Share this with friends

Comments are closed.