Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Tutupan Wulan Sura

Kirab Budaya Tutupan Wulan Sura

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken tutupan Wulan Sura, Warga Desa Pasung, Kecamatan Wedi, Kabupaten Klaten nggelar kirab budaya  mapan ing lapangan Desa Pasung dene ancasipun kangge memetri lan ndudah kas kaya budaya wewengkon.

Kirab budaya dipun sengkuyung dening warga saking 12 RW ing Desa Pasung, kanthi dipun regengaken maneka kridha seni, antawisipun kesenian srandul. Kirab mubeng desa pasung nempuh lampah 2 km, ngarak gunungan wulu wedaling bumi dene pasarta kirab ngangge busana adat jawi sarta tokoh ringgit, antawisipun punakawan.

Sasampunipun kirab budaya dipun adani tetandhingan olah raga, antawisipun voli, tarik tambang, sarta bakiak. Nalika gumelaring lomba, warga ugi dipun lipur reog sarta karawitan.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.