Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kerajinan Loro Blonyo Bukti Mekaring Kabudayan

Kerajinan Loro Blonyo Bukti Mekaring Kabudayan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pepethan sepasang penganten utawi dening masyarakat jawi dipun wastani Loro Blonyo inggih wujud mekaring kabudayan. Sakawit gatranipun linggih nanging samangke saya kathah gatranipun, ngadeg punapadene jejogetan kados solahing pambeksa. Sinaosa makaten, bab kasebat, boten ateges nglirwakaken werdi lan sejarah Loro Blonyo.

Dipun gatra wujud penganten, Loro Blonyo tetela mengku werdi ingkang wigati, mliginipun tumrap bebrayan jawi. Patung penganten wanita, dipun sebat Nyai Blonyo, minangka pangemba Dewi Sri, ingkang miturut kapitadosan masyarakat jawi dados dewi kesuburan lan karaharjan gesang. Dene miturut cariyos gethok tular, Loro Blonyo dados pralambang kesuburan ingkang tegesipun kesuburan saking sepasang titah ingkang pralambangipun wujud penganten priya lan wanita pramila boten mokal, Loro Blonyo saged dipun prangguli salebeting pawiwahan penganten, mliginipun masyarakat jawi.

Ewa semnaten, awit pangrembakaning jaman, Loro Blonyo ugi tansah anut majenging jaman. Ingkang sakawit wujud bakunipun pepethan linggih, salajengipun para perajin ndayakaken kreatifitasipun piyambak-piyambak, antawisipun gatranipun ngadeg, utawi njoget lan dansa.

Miturut Antropolog, Heddy Shri Ahimsa, wontenipun variasi Loro Blonyo boten ngicali werdining pepethan kasebat, uwal saking pangertosan masyarakat bab teges filosofis. Kacihna ngantos samangke Loro Blonyo ingkang pakemipun lenggah taksih lestari. Bab wau dados tandha bilih budaya ngrembaka.

(Rina Santi-Rizki Kurniawan )

Share this with friends

Comments are closed.