Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sinau Ilmu Cahaya Lumantar Festival Film Sains 2015

Sinau Ilmu Cahaya Lumantar Festival Film Sains 2015

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Ing abad kaping selikur samangke, manungsa boten badhe saged uwal saking cahya utawi cahaya. Cahaya inggih kunci tumrap ebahing perekonomian, pangrembakaning jagad usada ngantos komunikasi internasional lumantar internet. Awit wigatinipun cahaya punika, Goethe Institut Indonesien nggelar Festival Film Sains 2015 sesirah International Of Year Light.

Sains, dening para siswa asring dipun tegesi minangka satunggaling bab ingkang remit, mboseni lan anggenipun sinau angel. Kangge nduwa panganggep kasebat, Goethe Institut nggelar Science film festival ingkang nedheng dados fenomena global, inggih ing Asia Tenggara, Afrika Utara lan Timur Tengah. Taksih sami kaliyan konsep lampahing kridha taun kapengker, para siswa Sekolah Dasar dipun ajak sinau sains lumantar media film pendek, kalajengaken percobaan ilmiah gayut kaliyan film ingkang dipun tingali. Science Film Festival kepengin badhe nedahaken dhateng para siswa bilih sinau sains punika gampil lan ngremenaken.

Science Film Festival 2015 dipun gelar dhateng 24 kota ing Indonesia kalebet Ngayogyakarta. Paguyuban Dimas Diajeng Jogja dipun pitados kangge nggelar lampahing Science Film Festival Jogja 2015 wiwit tanggal 23 – 26 November mapan ing Ions Balroom, Ndalem Natan, Pendhapi Omah UGM lan Pendhapi Parasamya Bantul. Taun samangke Science Film Festival ngajak para siswa sinau bab ilmu cahaya ingkang ageng pangaribawanipun tumrap gesanging manungsa laras kaliyan irah irahan festival inggih punika International Of Year Light. ( Aditya Yuda )

Share this with friends

Comments are closed.