Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Sidorejo Ringgitan

Warga Sidorejo Ringgitan

Bantul, www.jogjatv.tv – Warga Padhukuhan 12 Sidorejo, Desa Ngestiharjo, Kecamatan Kasihan, Bantul, dinten Minggu (23/11), nanggap ringgit purwa sedalu natas.

Pagelaran ringgit purwa sedalu natas, katindakaken dening dhalang Ki Seno Nugroho , mbabar lampahan Semar Seta, kanthi dipun regengaken dagelan, dening Mbok Beruk lan Dalijo. Pagelaran ringgit kapurwakan srah panampi paraga ringgit dening Lurah Ngestiharjo, Onny Octaviani dhateng dhalang Ki Seno Nugroho. Miturut Onny, ancasipun nggelar ringgit purwa sedalu natas, kangge ngleluri kagunan budaya adiluhung sarta kangge biwarakaken gantosing nama Rawa Kalibayem ingkang sawetawis dangu boten dipun pepetri, monjo malih ing taun 2004 kepara damel horeging warga. Awit saking punika, rawa kasebat badhe dipun tata lan dipun gatra dados obyek wisata enggal kanthi nama Telaga Semar Seta. Kapilihipun nama Semar Seta kangge gantos Rawa Kalibayem awit nama kasebat mengku teges wigati inggih Semar mujudaken tuladha kautaman lan piwucal luhur dene Seta tegesipun pethak, pralambang kasucen. Nama enggal wau kaajab suka pangaribawa sae tumrap pambangunan ing wewengkon kasebat .

Kepala Dinas Pariwisata D-Y, Aris Riyanta ngajab, wontenipun gagasan mranata Rawa Kalibayem dados papan wisata enggal, sageda mahanani tumrap karaharjan warga sakiwa tengenipun. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.