Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Seni Dhateng Tilas Pabrik Gendhis

Pagelaran Seni Dhateng Tilas Pabrik Gendhis

Karanganyar, www.jogjatv.tv – Limrahipun pagelaran seni dipun gelar dhateng panggung punapa dene gedung pertunjukan. Elokipun, sawetawis seniman kepara nanjakaken bangunan sepuh, tilas Pabrik Gendhis Colomodu, Karanganyar, Jawa Tengah, kangge nggelar maneka kridha seni budaya saking sawetawis wewengkon Indonesia.

Salah satunggaling seniman ingkang ngadani pagelaran seni dhateng tilas Pabrik Gendhis Colomadu, Kranganyar inggih empu tari Indonesia, Sardono W Kusumo.

Pagelaran tari sardono’s retrospective sesirah Fabriek Fikr kasebat, kasengkuyung dening puluhan seniman lan budayawan saking sawetawis wewengkon Indonesia. Bangunan pabrik gendhis ingkang sampun sepuh sarta mesin giling tebu kina, ngrenggani papan pagelaran saya mimbuhi endahing swasana.

Pagelaran tari kasebat, dipun kolaborasi kaliyan film , komputerisasi music elektronik , pameran lukisan sarta koreografi .

Sardono w. Kusumo gadhah gagasan nggelar pentas dhateng tilas pabrik gendhis kin awit kapetang nyleneh ngiras kangge ngenget-enget jaman kuncaraning pabrik gendhis ingkang madeg taun 1861. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.