Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Semprotan Massal Nanjakaken Obat Alami

Semprotan Massal Nanjakaken Obat Alami

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Ing Kabupaten Gunungkidul taksih wonten atusan hektar laladan pasabinan ingkang dipun tanemi pantun, antawisipun ing Desa Gelaran ,Kecamatan Karangmojo. Jalaran pasudiyan toyanipun cekap, pramila trep kangge nanem pantun. Kangge ngawekani paneraking ama, puluhan petani ing wewengkon kasebat, nindakaken   penyemprotan massal awit taneman pantun jinis Ciherang ingkang dipun tanem katerak ama penggerek batang. Petani nyemprot taneman pantun ngginakken obat non kimia awit kawawas langkung aman.

Miturut pendamping kelompok tani, Sugondo , petani dipun ajak ngginakaken obat alami. Sadanguning mangsa tanem kados samangke pehakipun grengseng nyemak taneman pantunsupados mutuning uwos sae, amrih saged kangge nyekapi kabetahan uwos ing Kabupaten Gunungkidul.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.