Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

JAMBU DALHARI

JAMBU DALHARI

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Taneman jambu air jinis Dalhari,inggih taneman woh-wohan mirunggan wewengkon Kecamatan Berbah, Sleman.Kangge njagi mutuning uwoh jambu sarta nggegegi Kecamatan Berbah minangka teleng jambu Dalhari,pramila Dalhari ngajab supados warga Kecamatan Berbah boten nyade bibit utawi cangkokan uwit jambu Dalhari dhateng sanjawining rangkah.

Uwit jambu Dalhari kathah tuwuh ing wewengkon Desa Jogotirto, Kecamatan Berbah.Samangke taneman jambu Dalhari ing wewengkon Kecamatan Berbah, Sleman, racakipun sami mawoh. Kangge njagi mutuning uwoh saking paneraking ama, mliginipun uler lan lawa,uwoh jambu punika dipun brongsong plastik.

Miturut Ketua Kelompok Tani Jambu Air Dalhari, Sihono,kathahing uwit jambu Dalhari gadhahanipun Kelompok Tani Rukun, Desa Jogotirto, Kecamatan Berbah, ingkang samangke mawoh gunggung 1.333 uwit, kanthi produksi 2 kwintal saben uwit.Tinimbang jambu jinis sanesipun, jambu Dalhari langkung unggul.Antawisipun uwohipun ageng, daging buah kandel, isinipun alit lan raosipun seger.Asil panen jambu Dalhari ing wewengkon DIY, ugi dipun tumbas dening para bakul saking maneka tlatah kanthi regi Rp. 15.000 saben kilonipun.

Dalhari, warga Krasakan, Desa Jogotirto, Kecamatan Berbah,mratelakaken, jambu punika katelah jambu Dalhari awit ingkang nanem sepisanan inggih Dalhari ing taun 2000 kapengker. Wondene ingkang suka nama jambu Dalhari,inggih Yulianto, ingkang nalika samanten minangka Kepala Dinas Pertanian Kabupaten Sleman.Kangge njagi mutuning uwoh jambu Dalhari lan nggegegi wewengkon Berbah minangka teleng jambu Dalhari, pramila simbah yuswa 76 taun punika ngajab supados jambu Dalhari namung dipun tanem lan dipun rembakakaken ing wewengkon Kecamatan Berbah lan sakiwa tengenipun kemawon.Awit saking punika Dalhari ngajab warga Berbah boten nyade bibit utawi cangkokan taneman jambu Dalhari dhateng sanjawining wewengkon.

Piwelingipun Dalhari kasebat ugi dipun tuhoni dening warganing Kelompok Tani Rukun Jambu Dalhari.Satemah para warga Kelompok Tani Rukun Jambu Dalhari Jogotirto ugi sarujuk boten nyade bibit utawi cangkokan taneman jambu Dalhari dhateng sanjawining Sleman.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.