Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PAGELARAN KETHOPRAK WIRABUDAYA

PAGELARAN KETHOPRAK WIRABUDAYA

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Salah satunggal kesenian ingkang kawentar saking Ngayogyakarta inggih punika seni kethoprak. Kejawi kathah seniman kethoprak profesional, warga Ngayogyakarta ugi kathah ingkang ngleluri seni punika kanthi tumut maragani. Kadosta para warga Prawirodirjan, Gondomanan, Ngayogyakarta, ingkang mitontonaken kaprigelanipun salebeting Pagelaran Kethoprak Wirabudaya, malem Minggu (31/10) kalawingi.

Boten kados padatan, pagelaran kethoprak punika dipun paragani dening para warga kampung. Boten wonten seniman kethoprak profesional utawi bintang tamu kawentar salebeting pagelaran Kethoprak Wirabudaya/ ingkang dipun gelar dening warga Prawirodirjan Gondomanan Ngayogyakarta punika. Para paraga lan ugi pengrawit sedaya inggih warga Prawirodirjan.

Wragad kangge nggelar kethoprak punika inggih kaimpun kanthi swadaya masyarakat. Kejawi kangge nyupeketaken guyub rukuning warga, pagelaran samangke ugi kangge ngangkat daya kaskaya seni warga, ngiras nepangaken seni tradisi dhateng para wiranem.

Sakalangkung damel bombongipun warga, awit pagelaran kethoprak ingkang saweg sepisanan dipun adani punika ugi dipun estreni dening Wakil Walikota Yogyakarta, Imam Priyono.

Kejawi kangge memetri budaya, pagelaran kethoprak samangke sengaja dipun gelar kangge suka panglipur dhateng warga masyarakat ngiras kangge ngregengaken pengetan ambal warsa Kota Yogyakarta lan pengetan Sumpah Pemuda.

Fauzan Ahmad

Share this with friends

Comments are closed.