Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PENGETAN HARI ARWAH

PENGETAN HARI ARWAH

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Tanggal 2 November dening umat Katolik dipun tetepaken minangka Hari Arwah, satemah trep kangge ndongakaken arwahipun para leluwur. Awit saking punika, dinten Senen (2/11) siyang, kathah umat Katolik ingkang jiarah dhateng pasareyan kangge ndongakaken arwahipun para leluwur, supados sedaya dosa kalepatanipun kaparingan aksama saking Gusti Ingkang Hakarya Loka.

Puluhan umat Katolik Lingkungan Santo Benediktus Padukuhan Watugajah, Desa Sendangagung, Kecamatan Minggir, Sleman, dinten Senen (2/11) siyang jiarah dhateng pasareyan leluwuripun, ing pasareyan umum Padhukuhan Watugajah. Jiarah kapurwakan kanthi ndedonga sesarengan dipun pandhegani dening Prodiakon Lingkungan Benediktus Padukuhan Watugajah, Boiman. Kejawi nyumet lilin minangka lambang pepadhang saking Gusti, minangka jangkeping sarana ugi kacawisaken dhedhaharan ketan, kolak, apem minangka lambang amrih sedaya donga katampi lan sedaya dosa ingapura. Sasampunipun ndedonga sesarengan, kalajengaken ngintun lan ndedonga dhateng pasareyan leluwuripun piyambak-piyambak.

Prodiakon utawi pangarsaning umat Katolik Lingkungan Santo Benediktus Padukuhan Watugajah, Desa Sendangagung, Kecamatan Minggir, Sleman, Boiman mratelakaken, cundhuk kaliyan kapitadosanipun umat Katolik, tanggal 2 November inggih pengetan Hari Arwah Semua Umat Beriman. Awit saking punika, saben tanggal 2 November, umat Katolik Lingkungan Benediktus Padukuhan Watugajah tansah nindakaken jiarah kubur kangge ndongakaken arwahipun leluwur.

Boiman ugi mratelakaken, sinaosa Hari Arwah dhumawah ing tanggal 2 November, nanging awit wulan November dipun pitados dening umat Katolik minangka Bulan Pengampunan, pramila menawi wonten umat Katolik ingkang dereng saged tindak jiarah dhateng pasareyan leluwuripun, taksih saged nindakaken jiarah ngantos pungkasaning wulan November benjing.

Subardi

Share this with friends

Comments are closed.