Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PETANI GANTOS PAKARYAN DAMEL BANON

PETANI GANTOS PAKARYAN DAMEL BANON

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Saperangan kadang tani ing Klaten Jawa Tengah, milih gantos pakaryan damel banon, awit ing mangsa ketiga samangke boten saged olah tetanen.Sinaosa makaten ugi wonten ingkang langkung milih sadeyan bongkahan siti kangge urug utawi bahan baku banon.

Para petani gantos pakaryan namung ing mangsa ketiga kemawon, awit ing mangsa rendheng tetep saged olah tetanen. Wiwit tumapak mangsa ketiga, toya irigasi prasasat asat, satemah pasabinan boten saged dipun ocal awit garing nela. Pramila kangge nyekapi kabetahan padintenan sadanguning mangsa ketiga, para petani milih gantos pakaryan damel banon.Langkung-langkung ing mangsa ketiga welingan banon mindhak kathah, awit kathah warga ingkang mbangun griya.

Kejawi kangge nyekapi kabetahan konsumen lokal ing Klaten,welingan banon ugi dhateng saking sanjawining rangkah, kadosta saking SragenlanPurwodadi. Regi banon wiwit saking 400 ewu rupiah ngantos 700 ewu rupiah saben sewu iji, gumantung tebihipun papan. Kejawi damel banon, ugi wonten kadang tani ingkang nyade bongkahan banon kangge urug utawi kangge bahan baku banon.

Purwanto

Share this with friends

Comments are closed.