Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

WARGA MERBABU LURU SEKAR RAYUNG

WARGA MERBABU LURU SEKAR RAYUNG

Magelang, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Sawetawis warga pereng Redi Merbabu tlatah Kecamatan Sawangan, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, sampun turun tumurun makarya luru sekar rayung dhateng wana Merbabu. Saben enjing warga dhateng wana saperlu pados sekar rayung lan dipun sade kilon kangge bahan baku damel sapu.

Wana ing Redi Merbabu inggih dados nugraha mirunggan menggahing warga pereng Redi Merbabu. Kadosta warga Desa Bendan, Kecamatan Sawangan, Kabupaten Magelang. Para warga saben dinten dhateng wana saperlu luru sekar rayung ingkang kathah tuwuh ing wana Merbabu. Sekar rayung punika dipun sade kilon, dipun tanjakaken kangge bahan baku damel sapu.

Sekar rayung anggenipun pados dhateng wana, dipun pepe langkung rumiyin kangge ngicali tlutuh lan sari. Sekar rayung punika kathah tuwuh ing wana pereng redi Merbabu, dene anggenipun pados ing wanci enjing saderengipun jam pitu, nalika taksih kathah embun. Bab punika supados mutuning sekar rayung tetep sae. Sekar rayung garing dipun sade kanthi regi sedasa ewu rupiyah saben kilonipun.

Sekar rayung saking pereng Redi Merbabu punika nuli dipun garap dening warga Desa Keprekan, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang, kangge damel sapu rayung. Maneka cakrik sapu rayung asal Muntilan punika sampun sumebar sumrambah saindenging Nuswantara, kepara ugi wonten ingkang dipun ekspor dhateng ngamanca, kadosta dhateng Malaysia lan Papua Nugini.

Ewasemanten para perajin sapu rayung punika nelakaken samangke kangelan anggenipun pados bahan baku, jalaran saya winatesipun warga ingkang pados rayung.

Sapu rayung kawentar awet sarta gampil lan sekeca dipun ginakaken kangge reresik.

Yuki Pramudiya

Share this with friends

Comments are closed.