Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pantun Katerak Inser, Petani Kapitunan

Pantun Katerak Inser, Petani Kapitunan

Klaten, www.jogjatv.tv – Welasan hektar taneman pantun ingkang umuripun saweg 2 wulan ing Desa Senden Lan Desa Gatak, Kecamatan Ngawen Kabupaten Klaten katerak inser.

Miturut Kepala Desa Gatak, Hery inser nerak ron taneman pantun satemah taneman dados alum lan pejah. Paneraking inser sedalu njalari 1 hektare\ taneman pantun risak pramila boten saged ngrembaka. Awit saking punika, kedah dipun sulami.

Taneman pantun ing Desa Gatak ingkang katerak   inser wiyaripun 7,5 hektar. Bab wau dipun kuwatosaken njalari   kadang tani nemahi gagal panen kamangka wragat olah tetanen saben pathokipun gunggung Rp 1 yuta, kangge ngluku sabin, tumbas bibit lan rabuk. Awit saking punika, petani ngajab pemerintah suka bantuwan obat kangge penyemprotan masal, supados paneraking ama mendha.

( Purwanto )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.