Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panitia Natal Suka Bantuwan Dhateng Panti Rehabilitasi

Panitia Natal Suka Bantuwan Dhateng Panti Rehabilitasi

Sleman, www.jogjatv.tv – Raos welas asih dhateng sasama boten cekap kedal ing lathi nanging kedah dipun tindakaken salebeting gesang padintenan. Awit saking punika, panitia Peringatan Hari Raya Umat Kristiani , T-N-I, POLRI lan P-N-S Kabupaten Sleman, nindakaken kridha bakti sosial dhateng kalih panti rehabilitasi , dinten Jemuwah (30/10) enjing.

Salebeting kalodhangan kasebat panitia, suka bantuwan dhateng Panti Rehabilitasi Narkoba Kunci Padukuhan Nandan, Desa Sinduadi Kecamatan Mlati sarta Panti Rehabilitasi Sosial Charis Desa Madurejo Kecamatan Prambanan, Sleman.

Miturut Ketua Asrama Panti Rehabilitasi Sosial Charis Yogyakarta, Silvia Manusiwa wonten 50 pasien panandhang gangguan mental, ingkang cumondhok ing panti. Para pasien dipun sukani seserepan agama sarta dipun gladhi maneka usaha antawisipun bidang pertanian, perkebunan lan   kesenian.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.