Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kemah Kebangsaan, Mupuk Jiwa Gotong-Royong

Kemah Kebangsaan, Mupuk Jiwa Gotong-Royong

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kangge mupuk jiwa gotong-royong, sadanguning tigang dinten, dipun adani Kemah Kebangsaan ing lapangan Bale Desa Banyuroto, Kecamatan Nanggulan, Kulonprogo. Lampahing kridha dipun dipun kepyakaken dening Gubernur DIY , Sri Sultan Hamengku Buwana kaping sedasa, dinten Rebo (30/10)siyang

Kemah kebangsaan dipun estreni dening 400 pasarta inggih warganing karang taruna, tagana, sarta pramuka saking saindhenging DIY. Salebeting kalodhangan kasebat, Gubernur ugi masrahaken bantuwan dhateng warga miskin.

Maneka kridha ingkang badhe dipun tindakaken antawisipun bakti sosial, dropping toya resik lan bedah rumah tak layak huni, kangge biyantu ngentas kemiskinan ing Kabupaten Kulonprogo. Kemah kebangsaan ajeg dipun gelar setaun sepisan dening Dinas Sosial dan Karang Taruna DIY , ancasipun kangge mupuk jiwa gotong -royong lan nasionalisme generasi muda amrih majenging bangsa.

Kemah kebangsaan dados kalodhangan kangge nedahaken kiprah karang taruna salebeting biyantu ngentas lan penanggulangan kemiskinan ing Kulonprogo.

( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.