Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sekolah Nelakaken Perang Narkoba

Sekolah Nelakaken Perang Narkoba

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Kemis enjing SMP Negeri 2 Wedi Kabupaten Klaten tembayatan kaliyan Polres Klaten ngadani penyuluhan bebaya narkoba dhateng para siswa kelas wolu. Kridha punika wujud pratelan saking sekolah bilih nelakaken perang dhateng narkoba.

Kepala SMP N 2 Wedi, Agnes Martini, mratelakaken penyuluhan narkoba kados makaten inggih kridha ajeg ing saben taunipun. Bab punika dipun tindakaken awit wiranem mliginipun pelajar inggih dados sasaran peredaran narkoba. Wiranem mliginipun kalanganipun pelajar saumuran SMP lan SMA limrahipun saweg remen nyobi bab bab ingkang enggal, nanging kalamangsa ugi mbebayani. Kridha penyuluhan narkoba kangge para siswa SMP punika inggih wujud kupiya merangi penyalahgunaan narkoba.

Agnes, ugi mratelakaken perang dhateng narkoba kedah dipun grengsengaken, awit perkawis narkoba saestu dados ancaman tumrap masyarakat, awit narkoba sampun rumambah dhateng sadengah tlatah, kalebet klaten. Masyarakat kedah wantun nduwa narkoba lan mboten nyobi kangge konsumsi narkoba. Lumantar penyuluhan punika kaajab sedaya siswa saged nampi seserepan ingkang leres bab narkoba lan bebayanipun. Penyuluhan ing kalangan pelajar awit kathah penyalahgunaan narkoba dhateng kalanganing wiranem. Kamangka narkoba ageng pangaribawanipun, awit saged ngrisak kasarasan, badan, emosi punapadene tingkah laku. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.