Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Margi Desa Gatak Risak

Margi Desa Gatak Risak

Klaten, www.jogjatv.tv – Watawis sekawan kilometer margi ing tlatah Desa Gathak, Kecamatan Ngawen, Klaten, kawontenanipun sakalangkung risak. Kejawi dados rawan kecelakaan ing margi punika sarana penerangan jalan winates satemah ugi rawan kriminalitas.

Sawetawis warga ing Desa Gatak, Ngawen, Klaten, pisambat awit risakipun margi kasebat. Margi ingkang mujudaken sarana baku kangge maneka kridha punika kathah peranganipun ingkang risak, wiwit saking Desa Gathak ngantos peken ngupit. Kades Gathak, Heri Haryanto, mratelakaken risakipun margi sampun sawetawis dangu nanging dereng wonten kupiya kangge ndandosi. Kamangka margi punika inggih akses perekonomian antawisipun Kecamatan Ngawen lan Karangnongko. Heri ugi mratelakaken kathah pengendara ingkang nemahi kacilakan nalika langkung margi kasebat, kepara dereng dangu wonten trek ingkang nggoling. Tansaya nalika mangsa jawah jeglongan ing margi boten katingal jalaran kebak toya. Kejawi dados rawan kecelakaan margi ingkang kirang penerangan jalan punika ugi dados rawan kriminalitas.

Kejawi ing tlatah Desa Gathak margi Prambanan-Manisrenggo ugi risak. Supados boten nyilakani lan minangka wujud protes jeglongan ing margi lajeng dipun tanemi uwit pisang dening warga. Warga ngajab Dinas ingkang kawogan tumuli ndandosi margi ingkang risak kasebat. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.